Ra kroso ra ngiro umurku wis patangpuluh lewat telu, yo wis rodo tuwo. Anak gemmridil nenem cacahe. Sing siji wadon nomer loro dijaluk maneh karo sing gawe urip, dadi isih limo. lanang siji sing nomer enem. Emboh piye soyo suwe urip kok soyo abot. Gaji sewulan enetk seminggu. sing telung minggu cotho. sak dalan-dalan golek pangan. Ning yo lumayan tinimbang wong liyan sing luwih susah.
Jan-jane aku ki wong mulyo. Dadi guru SMA, tur bojoku guru sisan. Pakaian rapi, sepatu klimis. sayange ngongkosi anakku kuliah ngos-ngosan. Syukur karo Gusti sing gawe urip, aku diwenehi dalan kon adol pulsa. Dadi yen wektu sore ora ngajar nunggu counter. Malah sak iki wis ono servere dewe. Yo lumayan, menowo dadi dalan sugihku iso nggo nyukupi sanak brayan.
wis 20 tahun luwih aku meranto neng ciledug tangerang, lungo sako ndeso sambak danyang purwodadi grobogan. Aku mbiyen sekolah SD neng Danyang, SMP Negri 1 Purwodadi, SMA negeri 1 puwodadi, terus IKIP Semarang Jurusan Biologi. Lah saiki dadi guru nyang SMA Negeri 3 Tangerang. Gandeng wis rondok bosen mulai sasi Januari 2009 aku ora ngajar.
Sing Rumongso wis tahu kenal mbok tulung aku ojo dilalekke. Yen sempet telpon opo aku ditiliki.